Cak Kadhal February 7, 2010
Posted by M.R in DOLANAN.Tags: cak kadal, cuthat, dher, DOLANAN, dolanan tradisional, igel
15 comments
Salah siji dolalan sing cokan dilakokna baca-bocah nang desaku yakuwe cak kadhal. Ana sing ngarani cuthat, mergane dolanane nythat bilah cendhek nganggo bilah sing lewih dawa. Dolanan kiye nganggo bilah, siji dawa sing sijine cendhek. Bilahe sing gampang biasane pang kayu sliridia. Angger wis ana bilahe kuwe, terus gawe bolongan nang lemah. Wis bisa labuh dolanane. Cak kadhal bisa dilakokna nang bocah loro utawa lewih.