Jebule Blangkon Lewih Kuat Nimbang Helm January 29, 2016
Posted by M.R in GUYON.Tags: blangkon vs helm
trackback
Dina Minggu esuk sing terang, Saino nunggang motor momong anak lanange sing aran Jebeng agep meng alun-alun. Goleh nunggang montor si Saino ora helm-an, ningen blangkonan.
Agi kepenak-kepenake nunggang montor liwat gili sing gemleser, ijig-ijig si Saino decegat kambi PULISI sing esuk kuwe pancen agi nganakna cegatan..
PULISI : “Sugeng enjing Pak…!”.
SAINO : “Enjing ugi Pak…!”.
PULISI : “Pak, kenangapa deneng mpean ora nganggo helm…?. Mbokan wis ngerti praturane wong nunggang montor kuwe wajib nganggo helm…?”.
SAINO (ora wedi babar pisan) : “Oh, ayakuwe ya Pak… Ningen inyong mbokan wis blangkonan…?”.
PULISI : “Ningen praturane kudu nganggo helm, ora kena sing liyane..!”.
SAINO : “Blakan bae inyong ora setuju kambi praturan kuwe Pak..!”.
PULISI : “Lho, deneng si..?”.
SAINO : “Siki nyong agepan takon, helm kambi blangkon kuwat mendi jajal…?”.
PULISI : “Mpean kepriwe si…? Ya cetha kuat helm lhaaa… Mulane njutan dewajibna helm-an..!”.
SAINO : “Pak Pulisi ya salah…!”.
PULISI : “Kepriwe si…?”.
SAINO : “Kiyeh.. (njukut helm-e pak Pulisi) Jajal kiye agep tek banting meng aspalan, butul sepira kekuatane…!”.
BRAKKK…!!!
Helm-e pak Pulisi sekal pecah, malah sigar dadi loro.
SAINO : “Kuweh.. Pecah mbokan Pak…?”.
PULISI : (ndongong)
SAINO : “Siki gari blangkone inyong sing tek banting meng aspalan Pak..!”.
TAPLUKKK…!!!
Blangkone si Saino wutuh ora bodhol semendhing-mendhinga mung mandan belok kena lebuh neng aspalan…
SAINO : “Kuweeeh… Iya mbokan…?”.
GEDHUBRAAAGG…!!!
Pulisine sekal tiba kelumah, kejengkang kosi ngathang-ngathang…
wah ini blognya mas Wjsblog ya? eh
LikeLike
pitenahhhhhhhhhhhhhhhhh
LikeLike
kabuuurrrrrrr….
maaf min, numpang sare artikel ya
http://maskurmambang.com/
LikeLike
wkwkwkkwkwkwkwk, fak, blangkon di banting gak pecah helm polisi di banting pecah
tapi bener, helem polisi kan kagak ada SNInya
wkkwkwkw
bener rika kang
jemur
ada yang bawa bawa nama pertamina nih buat nipu
https://jildhuz.wordpress.com/2016/02/27/pertamina-pulsa-teknik-nipu-ala-dni/
LikeLike