Asyik Sroo July 23, 2010
Posted by M.R in TEMBUNG.Tags: asyik sroo, crita jalan cilik, idiom, istilah
trackback
Crita jaman gemiyen maning kiye. Istilah-istilah sing dienggo pas jaman aku esih cilik pancen marakna mesem angger diemut-emut maning.
Ari seneng utawa nemokna sing kepenak wong-wong sering ngomong :”Asyik Srooo!!!
Contone agi ngrungokna lagune sing kepenak, manggua siki ya kayane lagi Cinta Satu Malam ya heheheehehe 😎 .
Istilah kiye ya mbuh sekang ngendi asale. Nek krungu tembung Sro…kayane sekang Usro. Usro kuwe kancane Unyil. Unyil kuwe lakone film boneka Si Unyil sing gemiyen ditonton saben minggu esuk nang TVRI.
Mbuh apa si Unyil utawa liyane tau ngomong kaya kuwe maring si Usro apa ora. Pokoke angger kamutan tetep :”ASYIKK SROOOO!!!!”
😮 😀 😛
dipost via email, diapik-i nganggo wordpress
Oktan 88 bae….
mending …. ciamik soro….:)
LikeLike
keduax
LikeLike
ngomonge ngapak… sip tenan wis ta…
salam mbokan dean bae lah….
LikeLike
mangan Srooto palingan
LikeLike
Hehhe Sroto Sangka apa Sroto Sekengkel kang
pokoke nek Asyik Srooo terus Seger Wirrr
LikeLike
la kiye la aku kemutan
pancen bocahan (bocah cilik biasane) sing nganggo tambahan kiye 🙂
LikeLike
Heheheheh aku kemutan soale nganggone ya pas esih cilik
LikeLike
Asyik Sro, seger Nyiil,,,
LikeLike
Enak mbok?
LikeLike
maen sro….
LikeLike
[…] tulisanku sing judule Asyik Sro klebu sing menang nang Lomba Nulis Artikel Blog Basa Banyumasan. Sing duwe ide kiye kang Rawins. […]
LikeLike