jump to navigation

Wadah Runtah Januari 4, 2012

Posted by Maskur in TEMBUNG.
Tags: ,
add a comment

image

Nek rika maring Owabong, nggoleti tempat sampah mandan angel. Wis pada diganti Wadah Runtah

WordPressed by Galaxy GT-S5830

Klangseng, Ada Madune Lho Desember 15, 2011

Posted by Maskur in CRITA, KLANGENAN.
Tags: , ,
2 comments

Klangseng, kewan kiye jane sebangsa tawon. Rupane memper banget karo tawon ondhoan sing lanang, warnane ireng, tapi wujude cilik semena laler. Biasane gawe umah nang bolongan pring sing dadi usuk umah modhel lawas utawa pranji (kandang wedhus).

Najan cilik, tapi kewan kiye be duwe madu. Rasane mandan kecut tapi kena nggo hiburan. Jaman nang ndesa, angger arep nicipi madu klangseng, gari nyolokna sada maring umahe klangseng. Biasane madune kegawa nang sada.

Apa ora ngentup? Klangseng ora duwe entup. Tapi nek ana wong sing ngganggu terus padha nggubed nang rambut. Mulane ana sing ngarani tawon uncit. Nek kuwe sih ora bahaya. Sing bahaya kue nek tawon klangseng mlebu maring bolongan irung utawa kuping.

Wayang – Suryakaca November 17, 2011

Posted by Maskur in WAYANG.
Tags: , ,
add a comment

Suryakaca kuwe manut critane anake Gatotkaca sing patutan karo Dewi Suryawati. Nek nonton lakon wayang sing ana Suryakaca-ne tah aku rung tau. Dadi weruh wujude wayange be ora ngerti. Mulane aku njajal nguthek-uthek gambar nganggo photshop. Dadine kaya gambar nang ndhuwur kuwe.

Lha berarti anu ngarang kiye nggawene…Ngarang sih ngarang, tapi ana pathokane yakuwe gamabr sing nang ngisor kiye. Jajal angger nggolet liwat Google mesthi metune kaya kiye:

(lagi…)

Wayang – Mahesasura November 15, 2011

Posted by Maskur in KABUDAYAN, WAYANG.
Tags: ,
add a comment

Mahesasura kuwe buta tapi sirahe kebo. Kiye sing mau-maune dadi raja nang Gua Kiskendha, sedurunge dipateni nang Subali. Nek crita lengkape mangga digoleti dewek nang internet tuli njeprah. Contone artikel kiye.

Aku nggawe tulisan kiye muang arep pamer.. :mrgreen: Pamer menawa wayang kiye hasil karyaku dewek. Jaman gemiyen aku pancen tau blajar gawe wayang temenan, wayang kulit. Blajare nang nggone Pak Saman lor SD III Tanggeran. Bareng SMP njur mandeg.

Najan mandeg esih seneng wayang. Terus nglengkapi koleksi wayang sing cilik-cilik nggo conto nek arep gawe sing gedhe. Biasane motokopi sekang buku-buku. Lha nek weruh wayang urung duwe klipinge, terus gawe dewek nang nduwure kertas bekas. Wayang Mahesasura kuwe contone. Digambar nganggo potlot terus dikandeli nganggo BOXY. Men madan maen terus di spidol sendhing.

Maen mbok. Nek siki kon nggambar tah wis madan kelalen detaile. Buku wayange ya wis ilang. Tapi ora papa majang karya lawas.

Bawang Brojol, Semanger Pisan Ari Mangsan Rendheng November 12, 2011

Posted by Maskur in CRITA, KLANGENAN.
Tags:
4 comments


Bawang brojol, nang ndesaku ngana akeh tanduran kiye. Nek krungu jenenge tah kaya ora nana ajine babar pisan. Tanduran liar nang kebon, tukul dewek, malah cokan dibuangi men ora nganggu tanduran. Wujude pancen kaya bawang bombay, putih gedhe, tapi ora kena dipangan. Tapi nek mangsan rendheng utawa musim penghujan, tanduran kiye kena nggo sawangan. Kuwe deleng nang foto ndhuwur, apik tur semanger pisan mbok? Kuwe anu mung siji, nek akeh..apik maning. (lagi…)

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

Bergabunglah dengan 1.158 pengikut lainnya.