Wong Nggunung June 7, 2010
Posted by M.R in CRITA.Tags: crita jaman cilik, wong ndesa, wong nggunung
19 comments
Kayane wis tau tek critakna nang artikel sing disit dewek sing judule Crita Jaman Cilik. Eh tulisan kuwe digawe asal-usule anu nang milis banyumasan (banyumas@yahoogroups.com), terus tek gawe nang blog multiply, terus dipindah maring WordPress kiye. Lho malah dadi crita artikel, anu arep crita Wong Nggunung koh.
Gambar nang nduwur kiya difoto sekang tower sing ana nang Kedunguter Banyumas. Towere pedék karo POM bensin. Dalan sing keton kae Jalan Pengadilan Lama Banyumas. Sawah sisih tengen kae sing nang Danaraj, kidul SMP Negeri 2 Banyumas. Desaku nang nggunung, angger nang foto kae kira-kira pas nggon tengah-tengah gambar.