Esuk-Esuk Nang Kemiren November 28, 2010
Posted by M.R in CRITA, KLANGENAN.Tags: Cilacap, pantai kemiren, PLTU Cilacap, sunrise pantai kemiren
14 comments
Alhamdulillah, enake duwe umah edhek karo segara. Esuk-esuk bisa ndeleng sengenge mlethek nang segara. Karo nggawa sega selawuhe. Sarapan nang ndhuwur pasri karo nyawang ombak sing kesorot sinare sumber padhange jagad. Subhanallah.
Kiye panggonane nang gisik (pantai) Kemiren Cilacap. Ancer-ancere nang Jalan Lingkar kidul Cilacap, kang PLTU ngulon, ngliwati tower telekomunikasi terus ana TPI Lengkong, ngulon maning ketemu TPI Kemiren.
Nah kae nang poto keton paling kiwe dewek kuwe PLTU Cilacap. Nuwunsewu gambare mandan ora maen, urung duwe kamera sing apik kaya Kang Uung.
Jam-jam 05.30 dina minggi biasane wis rame. Bisa ndeleng sengenge mlethek utawa basa Inggrise Sunrise, nyawang nelayan pada mangkat golet iwak terus sing jelas dolanan banyu karo pasir karo anak bojo. Pokoke kelalen karo urusan ngodhe lah.