Nelayan Cilacap Digubed Sanca May 7, 2016
Posted by M.R in WARTA.Tags: grugu kawunganten, ula sanca
trackback
Dina Rebo 4 Mei 2016, Bpk Keri Bin Yadi warga Dusun Ajibarang Kelep, Desa Grugu kec Kawunganten Kabupaten Clacap ditemokan ninggal digubed ula Sanca sing dawane 4,5 meter abote 60 kg.
Manut crita wong-wong Bapak Keri jan-jane arep masang jaring ikan, banjur weruh ula Sanca kuwe njur arep ndimek, soale Pak Keri kiye ya biasa ndimek ula alias Pawang Ula. Pas ditemokna Pak Keri wis ninggal, ula sancane dewek wis dadi bathang.
Daerah Grugu kuwe wilayah sing perek laut, esih akeh tanduran liar, alas sing bisa dipanggoni kewan liar.
Sumber : Jaringan INFORMASI PUBLIK CILACAP
Comments»
No comments yet — be the first.