Bawang Brojol, Semanger Pisan Ari Mangsan Rendheng November 12, 2011
Posted by M.R in CRITA, KLANGENAN.Tags: bawang brojol
trackback
Bawang brojol, nang ndesaku ngana akeh tanduran kiye. Nek krungu jenenge tah kaya ora nana ajine babar pisan. Tanduran liar nang kebon, tukul dewek, malah cokan dibuangi men ora nganggu tanduran. Wujude pancen kaya bawang bombay, putih gedhe, tapi ora kena dipangan. Tapi nek mangsan rendheng utawa musim penghujan, tanduran kiye kena nggo sawangan. Kuwe deleng nang foto ndhuwur, apik tur semanger pisan mbok? Kuwe anu mung siji, nek akeh..apik maning.
Jaman tesih sekolah nek mangkat mulih sekolah, pemandangan wit bawang brojol sing pada kembang kena nggo hiburan. Najan wong lanang ya sapa sing ora seneng ndeleng sing warna arni kaya kiye.
Winginane pas dina Idul Qurban aku manjat nggunung, weruh kembang-kembang kiye be dadi kemutan jaman enom gemiyen. Kemutan angger numpak koprades nang nduwur angger liwat prapatan ngalor terus akeh pisan tanduran kaya kiye. Nang kiwe-tengen dalan. Nostalgia pokoke
Nek sing nang foto kiye anu dipotret lokasine nang wetan prapatan/wates. Ndhuwure umahe Kang Tasiman sing juragan trek. Kayane Kang Jamin utawa Anto be pada seneng nek ndeleng kok.
wis lawas ra tumon kiye… gemien ya cokan tek pothesi dadi karangan bunga istilaeh
LikeLike
Manjat ngeneh lagi akeh koh
««Dipun kirim saking Cilacap Bercahaya ngagem Gmail kangge Android»»
LikeLike
Oraaaa…. ambune langu banget …
LikeLike
kelalen ambune..kemutan kembange
LikeLike
nembe ngerti arane kuwe bawang brojol
LikeLike
nang Binanguan akeh mesthi basa kotane BUNGA AMARILIS
LikeLike
Kuwi kembang kesenenganku awit cilik, apike nek kembang rame2 sayang ra duwe lahan, wis 2 tahun aku nggowo soko deso Kadirojo Muntilan tak tandur neng Cikarang, agi ngembang sepisan 3 batang.
LikeLike
agep udan tandane
LikeLike
Reblogged this on Maskur's Blog and commented:
Ini dikenal dengan nama bung Amarilis, di desa saya namanya Kembang Bawang Brojol. Bukan tanaman langka, tapi memang tidak dianggap berguna jadi malah banyak dibuang.
Bunga-bunga ini akan mekar dalam durasi yang tidak lama, nah sepanjang mekar itu, akan terlihat pemandangan yang indah berupa barisan bunga berwarna jingga.
LikeLike