Wayang – Srenggini July 4, 2011
Posted by M.R in WAYANG.Tags: Antareja, Antasena, dewi rekathawati, gambar wayang, gathutkaca, srenggini, wayang, werkudara
trackback
Srenggini nurut critane kuwe anake Werkudara sing ragil. Kiye ditemoni nang wayang gagrag Banyumasan. Angger nang gagrag liya anake Werkudara mung 3 (Antareja, Gathutkaca, Antasena), malah ana sing 2 (Antareja, Gathutkaca, ), nang crita India malah mung siji (Gathutkaca). Jerene Srenggini kuwe anake Werkudara karo Dewi Rekathawati.
Nang wayang ya ana tokoh sing jenengane padha ya, soale bojone Sanghyang Tunggal ya Dewi Rekathawati. Terus bojone Matswapati ya Dewi Rekathawati.
Aku ora bakal crita lengkap tentang Srenggini kiye. Mung angger aku nggolet nang internet, wujude wayang Srenggini kuwe kaya gambar ngisor kiye:
Ora gagah babar pisan mbok? Malah memper Lesmana Mandrakumara utawa Aswatama. Anake Werkudara ya wujude kudune gagah. Najan dhegleng kaya Antasena tapi ya esih mendingan. Mulane aku njajal ngedit gambare Srenggini ben mandan gagah. Asile kaya nang gambar paling dhuwur mau. Lewih pantes dadi anake Werkudara mbok?
Referensine sekang : kene
WordPressed by Android on The Galaxy
iya dadi gagah, tapi deneng raine mandan medeni yah? ana rigig-rigige…
LikeLike
Jenenge bae Yuyu
LikeLike
hahahahaha
LikeLike