Kupat Landhan July 13, 2010
Posted by M.R in PANGANAN.Tags: awu, Banyumas, kupat, landhan, soda
trackback
Ana maning panganan sing aku mung nemu nang Banyumas, jenenge Kupat landhan.
Jane tetep kupat, tapi warnane coklat tuwa. Nek kupat biasa warnane coklat enom.
Ora mung kulite cing coklat, isine ya coklat. Rasane madan ana semu getir-e. Nek sing wis biasa ya seneng tur rasane enak, nek sing ora tau ngerti dadi ne rasane aneh.
Kenangapa bisa beda? Bedane nang campuran banyu sing dienggo masak kupat. Masak kupat-e nganggo banyu soda. Ning sodane udu sebangsa Coca Cola utawa Sprite.
Soda digawe sekang banyu awu. Awu dicapur banyu, terus disaring. Nah banyu saringane kuwe sing dienggo nggo  nggodhog kupat.
Nek kaya aku, sarapan kupat landhan lawuh mendoan jan wis enak pisan..
Angger kepengin njajal, goleti bae kupat kiye nang pasar Sokawera Somagedhe apa pasar Banyumas.
PERTAMAX LAGI 😀
LikeLike
Lhaaa kapet kapan koe doyan kupat landan mam ?
ujarku dong mbien doyane sing putih koh …
Aja nglomboni lah kue nek koe wis doyan 😛
LikeLike
lha aku ket gemiyen doyan koh
LikeLike
[…] lagi beberapa syair banyumas. Apa lagi setelah kakaku bikin postingan tentang soto sengkekel dan kupat landan … ora sekalian jangan pete karo jui […]
LikeLike
pake borak gak pakD?
LikeLike
alami pak
LikeLike
Nek kupat tahu kuwe sing enak nag pasar wage kang…salam kenal lah kang iyong kiye…
LikeLike