Dolanan Beluluk May 10, 2010
Posted by M.R in DOLANAN.Tags: Beluluk, Dolanan bocah, dolanan tradisional
trackback
Beluluk kuwe kena diarani pentil klapa. Dadi, nek bar manggar, terus metu blodho-blondhome calon klapa. Sedurunge dadi klapa ana sing diarani degan. Dadi urut-urutane kaya kiye : Mancung > Manggar > Beluluk > Cengkir > Degan > Klapa > Kiring.
Beluluk sing mati biasane tiba. Nah belulu tiba kiye sing kena nggo dolanan bocah.
Carane gawe dolanane gampang banget. Tlapukane sing nang bagean ndhuwure dicoplok. Terus siapna karet gelang sing ditugel karo pethilan sada. Karet sing ditugel kuwe dipasang nang beluluk nganggo sada. Carane beluluke dicubles nganggo sada sing dibarengi karo karet. Dadine kaya nang gambar.
Dolanane karete dicekel, beluluke diputer ngubengi tangan nganti karete mlintir
Bareng mlintire akeh terus karete dijunjung. Beluke muter dewek nganti plintirane entong.
Dolanane ya mung kaya kuwe thok. Sing seneng biasane ya bocah sing umur 5 taun meng ngisor.
Ditulis nang dhuwur bis Utama Putra jurusan Cilacap-Semarang
Posted by Wordmobi
Suwi-suwi kok aku seneng moco blog Mbanyumasan iki. Bener-bener lokal konten. Koyo bloge koncoku, Blontank nengn kene iki : http://blontankpoer.com/
Ayo terus Kang, kebaki dengan cerita lokal. Sebagai pengingat generasi mendatang.
*wis lali nulis boso kromo* 😀
LikeLike
Banyumas ama banyuwangi kie cidak yo kie?
(mbuh bener ora kosakatanehihihi…)
LikeLike
@Kang Nadi
Siap kang, heheheh golet bahane madan angel
@Soksibuk
Banyumas meh ujung kulon jawa tengah, banyuwangi ujung wetan jawa timur, dai adoh banget, 15 jam perjalanan kayane
LikeLike
Sing paribasane ….nyengkir gading.
Kuwe apa kang?
LikeLike
Bukak buku basa jawa kang
LikeLike
Ketiban beluluk sing nduwur rasane jan…. marem banget kang… inyong pernah ketibanan beluluk soale,… alhamdulillah dudu endase….
Yen ketiban cengkir luwih nyengir maning..
Ketiban kelapane….aduhhh..
durung yen ketiban blarake….
bapane inyong malah pernah terjun.. dudu ding …tapi tiba sing nduwur wit klapa… dadi kaya terjun bebas… balunge tugel.. waktu kuwe inyong esih kelas telu esde…
samene bae komentare inyong…
pan nggawe halaman khusu wong jawa lah ning blog ge inyong…
kayane seru banget ya… sing ora ngomong jawa ora olih mlebu…. ya kang ya….
LikeLike
Walah, aku alhamdulillahe urung atau ketiban apa-apa sekang wit klapa. Eh blog-e rika urung ana artikel anya ya
Iya jajal gawe blog/artikel sing basa Bumiayu, kayane basane tengah antarane Banyumasan karo Tegal-an
LikeLike
Dolananku jaman cilik kiyeh…..
jian top nemen ditulis nang bis Utama putra Cilacap-Semarang. ngger nyong biyen langganane Sumber Alam.
LikeLike
Sumber Alam kawanen kang, nek Utama pas banget, jam 7 tekan Semarang, bisa langsung ngodhe maning
LikeLike
Bus Sinar Jaya
Jakarta-Purwokerto
wahh pancen manteb cak.. dolalan bluluk kambil
(beluluk kelopo)
Sederhana karet gelang – bluluk – sodo (belung e janur)
dolanan ngono wae seneng setengah mati kok ndisik jaman sik cilik..
trus bedhil2 an teko debog..
pelepah pisang mulih2 di ajar simbok soale klambine kenek tlutuh gedang (getah pisang) ora iso ilang 😆
LikeLike
tapi cah siki wis ora padha ngerti je dolanan kedebog mau
LikeLike
se emutku jamanku cilik, beluluk juga sok dinggo campuran rujak bebek, campur pace nom karo babal. (ngerti babal ora kang sampeyan?) trus campurane buah werna-werna. siki sih ora tumon maning, paling sing isih tetep dinggo campuran rujak bebek ya mung gedang kluthuk.
gemiyen ana panganan sing jenengane semayi, tumon krungu ora kang? kuwe panganane wong susah, kaya pepes, tapi sekang ampas sing wis dijukut santene. akeh sing ider nang ndesa mbok?
LikeLike