Demplo, Ngangeni April 15, 2010
Posted by M.R in PANGANAN.Tags: Ampas Tahu, Banyumas, Deplo, Kemranjen, Panganan Banyumasan, Randem, Somagede
trackback
Pada ngerti panganan sing dijenengi Demplo apa ora ya? Kayane sing ngerti ya wong-wong Banyumas kidul wetan, kaya Banyumas, Somagede, Kemranjen…nek Sumpyuh karo Tambak mbuh ora ngerti.
Kiye lho gambare:
Demplo kuwe panganan sing digawe sekang ampas tahu, dicampuri bumbu terus digoreng nganggo glepung. Aromane madan kaya tahu tapi rasane jelas beda. Gurih-gurih kepriwe..Apa maning mangane karo lombok cengis, jan enak banget lah, najan ilate kepedesan tapi ora gelem liren goleh mangan.
Mangan demplo kiye marahi cepet wareg. Terus goleh mangan aja kelalen disediakna banyu nggo nginum, soale marahi seret. Nek kandungan gizine kayane tah langka, lha wong anu ampas, digoreng maning. Tapi nek nggo macit-macit thok ya ora apa-apa.
Aku takon wong Cilacap, ngerti Demplo apa ora? Jebule ora ngerti babar pisan. Beda maning wektu takon karo wong Wangon, jere ngerti tapi jenenge udu Demplo tapi Randem. Jarku wong anu padha-padha Banyumase be beda goleh ngarani.
Aku nek pas bali maring Banyumas mesthi nggolet panganan kiye. Nang pasar Sokawera akeh, regane ya murah. Nek bocah siki mbu esih padha doyan Demplo apa ora ya. Wong siki wong ndesa mbok pacitane roti, nek jamanku cilik ya langka. Tapi buktine Demplo esih ana sing adol, berarti ya esih ana singg nggolet.
nek jaman saiki nggo kanca wedangan karo tahu kentucky
LikeLike
ra ngerti babar blast !! 😀
LikeLike
Huahahahahaha……intine enak lah
Kapan2 turing lewat daerah banyumas, silahkan nggoleti panganan kiye
LikeLike
Wah.., di pareng weruh masTaufik saget mampir teng blog niki. nembe samerep bahasa banyumasan. radi benten tibae. wenawi teng daerah kulo, ampas tahu niku gih didamel tempe. namine tempe Mbus utawi tempe Menjes… carane masak nggih dpun goreng kale tepung bumbu.. dimaem naliko taseh anget. rasane maknyus…
LikeLike
@dede azam
nggih niku, wontenipun namung wonten Kab. Banyumas, teng Cilacap mawon boten enten
LikeLike
Oooo pantes, ganu dong nyong nggawa ketone nganti arep dipangan karo plastike …
jebule maniak demplo…
LikeLike
@Anto
tas-e sisan 😀
LikeLike
nek karo tahu aci enak endi pak?? kpaan2 nggowo yen pas melok kopdar
LikeLike
@Dhuwur
Wah, lha demplo anane nang Banyumas je..lha aku nang Semarang
LikeLike
jere sapa kang?… nang cilacap ora nana?… sengertiku ana koh tapi udu demplo jenengane nek ora salh kayane “themlek/temlek).
nek pengin ketemu karo temlek njajal baen ngeneh aring pasar mejenang, mesti bisa ketemu themlek
LikeLike
nang Banyumas ya ana themlek, tapi bahane beda kang. Rupane pancen memper
LikeLike
ngangeni yakin panganan sing kaya kue, ngesuk balik melu mamake meng pasar njaluk d tukokna lah
LikeLike
asline ngendi kang
LikeLike
nang clacap memeang ora tau krungu aku, apamaning ngaraskna panganan kiye, memang langka. sing isih populer sampe siki ya kuwe dages……..
wualaaaahhh enake kuwe dages, ora sah nek bali ora mangan tempe dages. kadang nek bali juga sok nggawa nggo olih-olih dewek, ben saben dina bisa mangan dages, ioseng-oseng be enak.
nang banyumas ana ora kang dages?
siki nang tangerang nggo tamba kangen ana sing dodol tempe gembus, mirip dages, tapi bahan dasate ampas tahu, nek dages kan ampas lenga.
demplo karo gembus memper ora kang?
LikeLike
Dages ya jelas ana lah… Oo.. Rika asli cilacap? Cilacape ngendi?
2011/11/23,
LikeLike
cilacape muter-muter kang… kauman, kandang macan, terakhir gunung simping sanding terminal
LikeLike
aq dewek yo hobine mangan demplo…uenak tenan..
LikeLike
temek itu ya..
LikeLike
beda
LikeLike
kadang kecut dadi ra patia seneng
LikeLike
udu gembus ta?
LikeLike
udu, gemmbus kan di fermentasi iki langsung digoreng campur bumbu
2014-03-05 10:57 GMT+07:00 B a n y u m a s a n :
>
LikeLike
niwo carane wong gombong , nang mandiraja ya pada demplo. sing enak gaweane wong kejawar tanggane kanca tvri maune cok nggawa . deweke ya doyan padahal asli karangnyar wetan tapi wis netep nang kejawar puluhan tahun
LikeLike
I like demplo
LikeLike
Themlek bos
LikeLike