Sundhamandha February 5, 2010
Posted by M.R in DOLANAN.Tags: crita jaman cilik, dhengklek, DOLANAN, dolanan tradisional, gaco, geprek, mil, potong baju, sawah, sundhamandha
trackback
Bocah cilik jamanku dolanane ora kaya siki sing apa-apa kudu tuku. Nek gemiyen ya apa anane bae lah. Salah sijine dijenengi sundhamanda. Gawena gari nang lemah sing digarisi kothak-kothak. Sundhamanda kuwe nang ndesaku ana werna loro. Jenenge ana sing diarani “potong baju” sing pancen kaya klambi wujude
sing sijine jenenge kelalen, pokoke rupane kaya kiye
bareng SMP nang Banyumas aku ngerti maning sing kaya kiye:
telu-telune beda cara dolanane, pokoke intine golet sawah.
Sing paling gampang karo paling sering nggo dolanan ya sing model potong baju. Nek sing siji madan angel. Gari nguntala gaco, terus dhengklek ping telu, geprek, dhengklek, geprek, dhengklek, geprek terus mbalik kalo njukut gacone. Dhengklek kuwe gampange : diambah sikil siji. Nek Geprek diambah sikil loro. Gaco biasane sekang pecahan gendheng, utawa bareng umahe pada gedhong nganggo pecahan eternit. Ana istilah sing diarani :”mil”, kuwe angger salah nguntalna gaco nganti ora mlebu maring kothakan sundhamandha, utawa pas sing kudune di geprek dadi dhengklek.
Nek kabeh kothak wis diambah terus golet sawah. Carane bocahe ngadeg ngungkuri sundhamandhane, terus nguntalna gaco meng mburi ngliwati ndhuwur sirah. Kothak sing ketiban gaco kuwe dadi sawahe, ora ulih diambah nang wong liya. Sawah kuwe kudu di geprek nang sing duwe. Nek ora digeprek sawahe kobaran. Dadi kosong maning.
Nek kothakan ngisor wis dadi sawah, terus sing bunder ndhuwur dewek utawa diarani wulan, dibagi dari 4, kena di enggo sawah. Nek wis dadi sawah se wulan-wulane, berarti wis rampung. Sing menang sing sawahe akeh dewek.
Nang derah liya ya ana sundhamandha, tapi wujude beda, ndeyan cara dolanane ya beda. Angger wis tau nonton film Jaelangkung, nang kana ya ana sundhamandha, tapi diarani engklek.
Contone kaya nang ngisor kiye:

engklek
wah, jane ana siji maning (mungkin malah lewih) bentuk sundhamandha sing urung ana gambare nang nduwur. ning arep tek gambar ora bisa.
“ngadeg ngungkuri sundhamandhane, terus nguntalna gaco meng mburi ngliwati ndhuwur sirah” kuwe istilahe kayang mbok?
LikeLike
kaya ngapa sih?udu kayang kang. tangane thok sing ngliwati sirah kalo nguntalna gaco meng mburi
LikeLike
Nek gachone cedak karo garis, ana batese telung driji jenenge sih apa ya?
Gemiyen ya bisa ayang mergane sering dolanan kaya kue pas cilik, siki ya uis ra bisa haha… 😀
LikeLike
[…] Tentang permainan ini, bisa baca artikel SUNDHAMANDHA. […]
LikeLike