Crita Jaman Cilik February 2, 2010
Posted by M.R in CRITA.Tags: Banyumas, crita jaman cilik, urip nang desa
trackback
Nyong lair Banyumas taun 1980, nang grumbul Semampir Desa Tanggeran Kecamatan Somagede. Desaku kuwe nang nggunung. Sekang pasar Sokawera (dalan sing diliwati bis) ya kira kira 5 km. Nek wong-wong pada pasar arep adol hasil bumi apa arep becer, nek ora maring Sokawera ya maring pasar Banyumas. Nek maring kota numpake kol pikep (colt pick up), sing asline Mitsubishi Colt T utawa L300 sing dipasangi kap karo disogi kursi dawa. Seudurunge dalane di aspla jere padha mlaku, tapi jamanku wis ora ngalami
Gemiyen nang endi-endi anane wit cengkeh. Nah nek panen cengkeh pada dadi wong sugih dadakan, apa-apane anyar. Klambi anyar, cet umah anyar radio tip anyar, tivi anyar. Cah sekolah ya tas anyar, sepatu anyar (ya anyar terus wong dienggone be nek upacara 17an nang kecamatan, sekolahe nyeker-men). Pokoke jaman gemiyen desaku makmur gara gara cengkeh. Kegiatan desa rutin dianakna, kaya:PKK, Karang Taruna terus kegiatan olahraga. Gemiyen amben RT duwe kleb (club) Voli, amben kleb duwe lapangan dewek, duwe pemain bintang dewek, terus ana kompetisi rutin amben taun. Nek minggu pada lari pagi maring Kemawi, maring Ketheng (hutan pinus). Apa maning sing arane pitulasan, semanger pisan pokoke. Pokoke wis makmur lah wong wis ora mikirna golet duit paribasane, celengan cengkeh cukup di enggo urip karo seneng seneng, dadi esih kober olahraga dll. Malah melu makmurna wong daerah liya, angger panen cengkeh akeh wong-wong daerah liya sing pada teka ngodhe met cengkeh (rata-rata wong Petir Madukara Banjarnegara). Terus bakul bakul ideran ya pada laris
Liyane cengkeh nang desaku ya akeh wit klapa karo woh-wohan. Nek Klapane di deres nggo gawe gula jawa, nah nek cengkeh mau dienggo bonus taunan, nek asil sekang gula jawa kuwe nggo urip sedina dina. Lha nek woh-wohan kuwe mung dienggo sampingan thok. Woh-wohan sing ana nang desaku kayadene dukuh, rambutan, duren, pete, jengkol, mlinjo. Liyane gula jawa, nggo urip sedina dina ya ana maning, yakuwe kleang (godong garing) cengkeh, sing ngaraih biasane ibu-ibu karo bocah bocah, lumayan lho.
Desaku nek ketiga banyune langka, dadi ngangsu golet banyu ya wis biasa, mikul ember karo nyaking ya wis tek alami, bareng jaman motor malah nganggo jligen dadi ora kesel. Sing di jujug guwe sumur (tuk) alami. Biasane nang kono wong wong antri adus karo ngangsu. Terus bar kuwe jamane wong pada gawe sumur timba. Kabeh pada gawe, dadi nek ngangsu ora adoh adoh nang pinggir umah. Ning sumure rata rata jero banget, antara 15 nganti 20 meter. Nimbane madan theol pokoke, karo ngapal tangane. Nek ketiga ya ana gawean anyar nggo sing pada tani, yakuwe ngode nyirami. Wong biasane njukut banyu sekang kali terus dipikul nganggo blik sing wis dibolongi, dietunge samben pikul.
Dhong jamanku senengane Sandiwara Radio ana Saur Sepuh, Mahkota Mayangkara, Tutur Tinular, Api Di Bukit Menoreh, Mahabarata, Butir Butir Pasir Di Laut, Putri Cadar Biru dll (akeh banget nganti kelalen). Aku nganti duwe radio dewek sing tek otong-otong maring ngendi endi (kaya si Mahar nang laskar Pelangi, radione be persis). Ngrungoknae liyane Sandiwara ya dangdutan apa lagu pop apa rock. Jaman semana agi anyar-anyare Evie Tamala, Ike Nurjanah, Jhony Iskandar, Imam S. Arifin, Ona Sutra, kuwe sing dangdut, nek artis pop ya anyar-anyar Sophia Latcuba, KLA Project, Edane, liyane kelalen. Nah nek sing Rock luar kayane GNR, Sepultura, mbuh ora apal anu ora patia nggatekna. Biasane sing dirungokna radio Bayusakti Kroya, Bimasakti Kebumen, Wijaya Cilacap, Sumasli, Dian Swara, Almamater, RRI Purakerta. Nah nek jam 5 sore nembe nyetel TVRI nonton film kartun, terus nonton terus nganti Berita Nasional jam 7. Banjur sinau sejam-an, engko nek wis jam 8 nonton TV maning nganti Dunia Dalam Berita, terus turu
Jamanku cilik nek ana wong mbaranggawe tanggapane biasane Wayang karo Lengger, ana uga Ebeg karo Buncis. Paling seneng nonton wayang, pokoke nganti esuk lah. Dalang sing terkenal jaman semana, sing cok ditanggap ya kuwe Dalang Tarjono (siki sing duwe soto Sekengkel), Dalang Dolat (liyane kelalen). Nek lengger aku ora patia paham, anu aku ora seneng lengger sih. Nek Buncis karo Ebeg sih biasane ditanggap awan-awan, pemaine ya wong ngkono-kono bae.
Nyong gemiyen senengane mangan lawuh jangan kangkung, jangan kacang, jangan buncis, jangan kethewel kuwe sing dioseng. Aku gemiyen ora doyan tegean apa jangan sing ana santen-e. Kecuali jangan godhong lobak sing nganggo santen (aja gumun, budin nang desaku dijenengi “lobak”), nek sing di arani lobak (sing kaya wortel putih) di arani kobak. Paling seneng nek panen pete. Goleh mangan pete bisa mentahan, dibakar, digoreng, dicampur jangan apa dicapur sega goreng.
Gemiyen jamanku cilik kerjane nek bali sekolah terus ngarah suluh utawa repek, bareng gedhe ya ramban utawa ngarit. Bar kuwe terus dolan, nggered mobil mobilan plastik, apa sing gawe dewek, nek mangsan layangan ya layangan, nek mangsan panggal ya maring ngendi endi nggawa panggal, apa agi mangsan umbul ya sak-e isine kertu umbul. Nek ora mangsan apa-apa biasane dolanan baron utawa dos-dosan, nek ora kasti sing bal-e digawe sekang blarak. Ana maning sing jenenge sundamanda, biasane nek agi seneng sundamanda pada goolet kreweng utawa pecahan eternit dienggo gaco. Ana maning dolanan gamplong, ya kuwe nguntalna watu maring kaleng, nek sing menang nggendong sing kalah. Jane akeh maning dolanan jaman semono ning kedawan nek dicritakna.
saking senenge saur sepuh inyong nganti kepengin banget ktm kr Fery Fadly sing dadi Brahma, terus sing swarane seksi bgt Yvonne Rose (Putri Cadar Biru, ngger ra salah).
(kr Fery Fadly jmn ’97-2003 sering tumon wong kantore ora adoh kr nggonku ngode, Yvonne Rose lha urung tumon). Trus tau kelakon dolan maring studione Maria Oentoe, sesepuhe pengisi suara. Jaman semono seneng “nyathet” lagu, acara syair & lagu RRI Pwkto. Pokoke gemiyen krna langka tipi, radio favorit banget. (radione national sing SW/MW thok). Gaman favorit “KUDI”.
LikeLike
yvonne rose = Lasmini.
Nek putri cadar biru beda serial kang. putri cadar biru be suarane apik, dubber e Hana Pertiwi. Hana pertiwi tau nyanyi dangdut judule Mana kupercaya. jajal tiliki nang multiplyku. Maskurmambang.multiply.com
LikeLike
Hey Blogger,When you write some blogs and share with us,that is a hard work for you but share makes you
happly right?,yes I am a blogger too,and I wanna share with you my method to make some extra cash,not too much
maybe $100 a day,but when you keep up the work,the cash will come in much and more.more info you can checkout
my blog. http://bit.ly/9v1OH9
good luck and cheers!
LikeLike
Asik temen ya. Inyonk dadi kelingan banyumasan maning. Mendoane beuh. Ganu inyong ning grendeng limang taun kang…
LikeLike
Ooo mahasiswa UNSOED ya kang Bram, jurusan apa
LikeLike
esih kurang mam, nek lebaran mesti saben umah nggodog kupat landan karo nyembeleh pitik. Tapi sing melasi koe ora doyan kupat landan.
Oh iya nek tes sholat riaya, pada plesir rombongan meng segara widara payung karo trek, nang kana pada tuku yutuk karo mangan kupat karo mendoan.
Duh dadi kepengin balik
LikeLike
Ora apa-apa, ibarate film seri kuwe nembe seri pembuka. bisa ana sequel utawa prequel malah
LikeLike
[…] wong nggunung trackback Kayane wis tau tek critakna nang artikel sing disit dewek sing judule Crita Jaman Cilik. Eh tulisan kuwe digawe asal-usule anu nang milis banyumasan (banyumas@yahoogroups.com), terus tek […]
LikeLike
salam kenal mas… Cerita jaman mbiyen wong daeraeh nggonmu nek panen cengkeh pd gemagus2 bgt nek maring pasar apa bae di borong, mangan endok kuninge thok, putieh di buang,wisueh nganggo sprite.jan gemagus banget
LikeLike
Wah apa iya Wa. MAklum wong ndesa ya kay kuwe
LikeLike
Jyan lengkap pisan pengalaman-e jaman cilik ya,,,
LikeLike
URung koh pakdhe
kayane ana sing esih keliwat
LikeLike
[…] create this blog at the first time with a general story of my childhood. Further, i write everything with Banyumasan. All because my concern of my Banyumasan mother tongue […]
LikeLike
kowe sebenere anake sapa sih aku penasaran aku maca artikele sampean sing jarene lahir nang grumbul semampir nek kue tanah kelahirane enyong nek enyong putune manten lurah alm. Dalim kayane kowe ngerti adine enyong sirun sing daddi serdadu sing tugase nang semerang nek kowe anake sapa masalahe aku unga sekang kampung tahun 1989 kowe esih cilik , tapi nek tek kira kira kowe anake alm. guru Dikunnek ora salah masalahe nang grumbul kono PNS ramane enyong pak Dikun weku semeno aku kepengin ngerti profil pribadine kowe lan nek saiki kowe kerja nang ngendi lan kepriwe kabare kampung sing gemiyen wektu aku sekolah SMP mlaku merga urung ana colt / kendaraan nek SMA ne wisa ana kendaraan semene bae disit mengko nek kowe mbales tk sambung maning salam kanggo keluarga grumbul semampir
LikeLike
Hmmm…. nyong ketone ketemu ngerti rika lho… tapi tek jamin rika ora ngerti aku…
aku ya cah semapir kidul kuburan semampir…
LikeLike
iya lik, nyong anake Pak Dikun almarhum sing ragil. Rika berarti kakange mas Dasirun ya. Tunggale guru TK kae juga ya(jenenge kelalen)? Aku siki ngodhe nang Jakarta. Rika be nang Jakarta yah? Tapi aku umahe nang Cilacap.
LikeLike
[…] Koprades seperti ini mulai ada sejak kurang lebih tahun 1995. Sebelumnya sudah ada angkutan umum namun berupa kendaraan pick-up yang diberi semacam penutup dan tempat duduk penumpang, rata-rata yang digunakan adalah Colt T120. […]
LikeLike
Aq maLah nrmbe ngerti menawa alas pinus kue basa kenene ketheng.
terus siji maning, buncis sing nang kalimat “ana uga ebeg karo buncis” kue sih tontonan sing ky ngapa Lik?
LikeLike
alas pinus wetan kemawi kue jenenge daerah Kentheng, udu kata ganti hutan pinus = kentheng.
buncis kan kesenian sing nganggo angklung
LikeLike