Barongan Ebeg Januari 13, 2013
Posted by Maskur in CRITA, KABUDAYAN.Tags: barongan, barongan ebeg, Cilacap, ebeg, kesenian banyumas, kesenian ebeg
trackback
Wulan wingi nang Benteng Pendhem Cilacap ana lomba ebeg. Dadi kelingan jaman cilik dhong esih nang nggunung. Dasare wong ndesa ya gemiyen cokan nonton ebeg. Jane ora seneng-seneng banget tapi ya mandan sering nonton asal pedek umah. Gemiyen ana sing tek wedeni sekang ebeg ya kuwe Barongane.
Mandan trauma, agi cilik bar metu tuku jajan, malah diparani barongan.

Tekan siki nek nyawang rupane tetap krasa wedi, najan logikane menang dadine ya biasa bae. Kan mung wong loro krodhongan kain. Ningen embuh kepriwe rupane endhas barongan ebeg kuwe pancen medeni. Nah kaya kiye endhase.
Kiye mbuh kewan apa, singam, macan apa naga apa monster. Lha untune papak-papak, ana gadhile, kumise kaya kumis wong. Matane kuwe sing medeni….
0.000000
0.000000

Reblogged this on Learning To Live and commented:
Barongan ebeg rupane ngeri…….
suwe ora apdet kang, padahal akeh wong jekate sing ngapak hehehe
Hehehe…. blog loro ya kudu duwe wektu ngapdete
Dikirim saking Cilacap Bercahaya http://maskurmambangR.wordpress.com/