Rangken November 3, 2012
Posted by Maskur in CRITA, KABUDAYAN, PEMBANGUNAN.Tags: danyang, knockdown, molo, pengeret, penglari, portable, rangken, saka
trackback
Rangken, kiye salah sijine bagian umah. Rangken kuwe kayane pada karo Rangkaian. Kiye pengganti usuk sisan reng. Digawe sekang pring disigari, terus ditata akaya nang gambar. Ditaleni nganggo tambang duk (jenenge apa aku kelalen). Angger wis dipasang, kena ditumpangi seng, asbes apa gendheng ya kena.
Nang ndesaku rangken kuwe dienggo nang umah-umah model lawas, contone umah Srotong. Eh kuwe umahku jaman gemiyen, siki tah wis ganti gedhong. Umahe tangga-tangga ya rata-rata wis gedhong dadi mandan langka maning ketemu karo sing jenengane rangken mau. Siki kayane wis langka sing bisa gawe rangken nang ndesaku kana. Kayane sing bisa wis pada ninggal.
Padahal rangken kuwe lumayan awet, apa maning nek pringe wis tua temenan. Terus rangken kiye angger istilah jaman sikine ‘portable’, soale kena dipasang-copot tanpa mbongkar. Angger umahe boyong ya rangkena diusung, engko dipasang maning.
Eh tapi nek portable kayane ora cocok yah. Soale barange gedhe, angger ngusung butuh wong akeh. Nek diarani Knock Down kayane nembe pas. Tapi nek kinck-down kuwe ora mung rangken-e. Ragangan umahe (saka, penglari, pengeret, molo, danyang karo liya-liyane) be pada bae kena di bongkar pasang. Istilah penglari, pengeret, molo, danyang be kayane wis ora padha ngerti. Terus maning istilah “kesambat”, kuwe gotong-royong mindah umah.

Mam, kuwe umahmu dong taun pira … deneng kowe esih duwe fotone…
kenangaan ya aja nganti ilang
Pada tanggal 03/11/12, Banyumasan WordPress
oo kya kuwe