Kaline Kaya Dalan September 13, 2012
Posted by Maskur in CRITA, GUYON.Tags: kali kaya dalan, ketiga
trackback
“Jan nang endi-endi dalan pating njluwag kaya kali sat, kaya kiye ra ngusak motor lah….”
Sering banget krungu sing kaya kuwe. Soale priwe maning yah, duit APBN karo APBD ora mung nggo nggawe dalan thok sih ya. Ya nggo sekolahan, mbangun gedhong-gedhong, duit kesehatan terus ya di korupsi mbarang hehehhe..
Oh iya siki kiye agi mangsan ketiga, nang kana-kene langka banyu. Sawah pada garing, kali padaha sat. Nah kali sat kuwe jebule ya ana sing ngisore rata. Jan pokoke ngungkuli ratane dalan lah, dadi kaya dalan malah. Gari nylender, disogi split terus di aspal, pokoke mulussssss….

dalane kaya kali ndean..
lha kiye kali je