Cilok Ndesa, Klenyissss…. September 9, 2012
Posted by Maskur in PANGANAN.Tags: cilok, cilok ndesa
trackback

Cilok anu singkatan sekang aci dicolok. Aci kuwe ari ora salah glepung kanji apa yah? Nek ndeleng sekang basane kayane udu asli ngkene. Ndean tah sekang Bandung, kaya bangsane Cimol.
Jamanku cilik nang ndesaku langka panganan kiye. Ngerti pertama pas SMP nang Banyumas. Acine ya mung dicampur bumbu terus di dang. Mangane dicampur karo sambel, njukute nganggo biting. Jaman siki akeh cilok sing “munggah kelas”. Ora mung aci karo bumbu, tapi ana sing di iseni daging utawa ndhog gemek. Regane ya beda, sing tuku ya wonge ngotani lah. Nang alun-alun Cilacap ana sing 2000 telu. Pancen enak sih, tapi genah turunan ndesa ya tetep kangen karo selera ndesa.
Ana bakul cilok nang ngarep SD dadi kepengin. Tuku 5000, isine akeh pisan. Kayane sijine 200 perak. Rasane ya jane ora adoh, kenyil-kenyil, asin, anget, campur sambel. Nek sambele tah nganggo Sambel Asli ABC, sambel gawane mandan ora mitayani. Tapi sambel ABC Asli pancen rasane memper sambel cilok, dadine ya cocog.
Mayuh mangan cilok ndesa, karo medang teh. Pokoke klenyisss…
WordPressed from Cilacap via Galaxy
kayane enak kiye, inyong kencot