Gareng, Welio, Nongeret Juli 13, 2012
Posted by Maskur in CRITA, DOLANAN.Tags: gareng, nongeret, welio
trackback

Kewan sing kaya kiye nek metu jere nggo pertanda menawa mangsan ketiga wis labuh. Nek nang nggon asalku ngkana, kewan sing kaya kiye ana werna telu : Gareng, Welio, Nongeret. Bedane apa? Mbuh kiye angger secara ngilmu bener apa ora?
GARENG
Gareng kiye, ukurane cilik. Ya se driji jenthik lah. Monine angger jam-jam sholat Dhuha. Antarane jam 9 esuk tekan jam 11-an. Kewan kiye giras, aku urung tau teyeng ndimek. Monine reeeeeeeenggggg, mulane dijenengi gareng.
WELIO
Jenenge aneh, soale ra ngerti jenenge, nang bocah bocah dijenengi padha karo monine. Welioooooo…weliooooo… Krungne angger wis lingsir. Jam-jame turu awan. Jam 1, jam 2-an awan. Kewan kiye mandan gedhe. Se driji tengah ketone. Ora patiya giras,aku wis tau ndimek.
NONGERET
Nongereeeeet…nongereeet…..krungune angger sore tekan sendhekala. Jam 5-an nganti tengah 6. Kewane gedhe, se jempol. Mandan lombo, buktine kaya nang poto ndhuwur, aku bisa ndimek, sedurunge ya mandan sering.
Ari nangg nggone rika ana apa ora?
WordPressed by Samsung GT-S5830
ngertine gareng tok. liyane mbuh rung tau weruh
pada…
nyengiti lah kue kewan… brisik!
kangen suarane.usum ketigo ngene akeh biasane.
Kangen kampung halaman