Klangseng, Ada Madune Lho Desember 15, 2011
Posted by Maskur in CRITA, KLANGENAN.Tags: kalngseng, madu, tawon uncit
trackback
Klangseng, kewan kiye jane sebangsa tawon. Rupane memper banget karo tawon ondhoan sing lanang, warnane ireng, tapi wujude cilik semena laler. Biasane gawe umah nang bolongan pring sing dadi usuk umah modhel lawas utawa pranji (kandang wedhus).
Najan cilik, tapi kewan kiye be duwe madu. Rasane mandan kecut tapi kena nggo hiburan. Jaman nang ndesa, angger arep nicipi madu klangseng, gari nyolokna sada maring umahe klangseng. Biasane madune kegawa nang sada.
Apa ora ngentup? Klangseng ora duwe entup. Tapi nek ana wong sing ngganggu terus padha nggubed nang rambut. Mulane ana sing ngarani tawon uncit. Nek kuwe sih ora bahaya. Sing bahaya kue nek tawon klangseng mlebu maring bolongan irung utawa kuping.


nek neng jeporo jenenge KLANCENG, repote kerem nggawe omah neng njero lawang triplek, nek pengen njukuk madune kudu mbongkar lawange
sunduki lah