Wayang – Mahesasura November 15, 2011
Posted by Maskur in KABUDAYAN, WAYANG.Tags: mahesasura, wayang kulit
trackback
Mahesasura kuwe buta tapi sirahe kebo. Kiye sing mau-maune dadi raja nang Gua Kiskendha, sedurunge dipateni nang Subali. Nek crita lengkape mangga digoleti dewek nang internet tuli njeprah. Contone artikel kiye.
Aku nggawe tulisan kiye muang arep pamer..
Pamer menawa wayang kiye hasil karyaku dewek. Jaman gemiyen aku pancen tau blajar gawe wayang temenan, wayang kulit. Blajare nang nggone Pak Saman lor SD III Tanggeran. Bareng SMP njur mandeg.
Najan mandeg esih seneng wayang. Terus nglengkapi koleksi wayang sing cilik-cilik nggo conto nek arep gawe sing gedhe. Biasane motokopi sekang buku-buku. Lha nek weruh wayang urung duwe klipinge, terus gawe dewek nang nduwure kertas bekas. Wayang Mahesasura kuwe contone. Digambar nganggo potlot terus dikandeli nganggo BOXY. Men madan maen terus di spidol sendhing.
Maen mbok. Nek siki kon nggambar tah wis madan kelalen detaile. Buku wayange ya wis ilang. Tapi ora papa majang karya lawas.


Komentar»
No comments yet — be the first.