jump to navigation

Bawang Brojol, Semanger Pisan Ari Mangsan Rendheng November 12, 2011

Posted by Maskur in CRITA, KLANGENAN.
Tags:
trackback


Bawang brojol, nang ndesaku ngana akeh tanduran kiye. Nek krungu jenenge tah kaya ora nana ajine babar pisan. Tanduran liar nang kebon, tukul dewek, malah cokan dibuangi men ora nganggu tanduran. Wujude pancen kaya bawang bombay, putih gedhe, tapi ora kena dipangan. Tapi nek mangsan rendheng utawa musim penghujan, tanduran kiye kena nggo sawangan. Kuwe deleng nang foto ndhuwur, apik tur semanger pisan mbok? Kuwe anu mung siji, nek akeh..apik maning.

Jaman tesih sekolah nek mangkat mulih sekolah, pemandangan wit bawang brojol sing pada kembang kena nggo hiburan. Najan wong lanang ya sapa sing ora seneng ndeleng sing warna arni kaya kiye.

Winginane pas dina Idul Qurban aku manjat nggunung, weruh kembang-kembang kiye be dadi kemutan jaman enom gemiyen. Kemutan angger numpak koprades nang nduwur angger liwat prapatan ngalor terus akeh pisan tanduran kaya kiye. Nang kiwe-tengen dalan. Nostalgia pokoke :mrgreen:

Nek sing nang foto kiye anu dipotret lokasine nang wetan prapatan/wates. Ndhuwure umahe Kang Tasiman sing juragan trek. Kayane Kang Jamin utawa Anto be pada seneng nek ndeleng kok.

 

Komentar»

1. Triyanto Banyumasan - November 12, 2011

wis lawas ra tumon kiye… gemien ya cokan tek pothesi dadi karangan bunga istilaeh

Maskur - November 12, 2011

Manjat ngeneh lagi akeh koh

««Dipun kirim saking Cilacap Bercahaya ngagem Gmail kangge Android»»

2. ahsanfile - November 12, 2011

Oraaaa…. ambune langu banget …

Maskur - November 15, 2011

kelalen ambune..kemutan kembange


Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

Bergabunglah dengan 1.177 pengikut lainnya.