jump to navigation

Ciwel Karo Cenil April 21, 2010

Posted by Maskur in PANGANAN.
Tags: , , , , , , ,
trackback

Ciwel karo Cenil kuwe klebu jajanan pasar. Angger sing loro kiye kayane nang endi-endi ana. Ciwel sing angger dipangan empuk-empuk esih mambu lobak/budin, mangane karo srundeng sing rasane gurih. Jan klop pisan koh. Lha nek cenil sing biasane abang utawa ijo dipangan kenyil-kenyil, mangane karo ampas ditambahi gula pasir, madan kena dienggo olahraga cangkem.

Bedane apa sih Ciwel karo Cenil, nek di dol-e tah biasane bakule siji.Nek Ciwel digawene sekang lobak (nganggo istilah lobak bae lah, wong nang desaku ngaranine kaya kuwe, dadi nek nang kene nemu istilah lobak, maksude ya budin utawa singkong), sing diparud, disaring, dikon meneb, diarah pathine. Nah pathi lobak sing esih teles mau terus di dang, nek wis mateng dadine ciwel. Deneng sih ireng, irenge kayane sekang oman sing diobong, diarah areng-e, disaring terus diarah banyune. Nek ora oman ya blukang sing diobong.

Oman sih apa? oman kuwe ya damen sing wis garing. Nek blukang sih? blukang kuwe ya pang wit klapa.

Ciwel

Merga digawe sekang pathi sing esih seger, mulane ciwel biasane esih ana aroma lobak-e sing mandan-mandan langu semendhing.  Tapi nek ora langu engko malah kaya gethuk. Nah, kaya nang ndhuwur mau, mangan ciwel cocoge karo srundeng. Biasane nek tuku, ciwel-e nang bakule diirisi tipis, ben gampang mangane.

Angger Cenil, digawe sekang pathi lobak sing wis dadi. Maksude wis garing dadi pathi sing putih. Terus pas gawe kayane dicampuri glepung sagu apa ya, mulane dadine kenyil-kenyil. Ben apik ditambai tares warna abang utawa ijo. Cenil biasane wis ora mambu lobak dadi ora langu. Nek wis dadi, cenil diirisi kothak-kothak. Lha nek arep mangan dicampur karo ampas klapa dicampuri gula pasir.

Cenil

Ciwel karo Cenil klebu jajanan pasar sing awet nganti seprene. Soale bahane gampang, regane murah terus rasane ya enak. Bocah-bocah kon mangan ya seneng. Nek dipikir-pikir ya lewih sehat nimbang jajanan gawean pabrik. Kayane amben pasar nang Banyumas ana sing dodol panganan loro kiye. Nek nang pasar Banyumas nang nggon gang sing sekang Toko King maring ngalor, pinggir Toko Mas Putra. Utawa sebrange Ada Murah.

Kae lho ngisor baliho Fexi mlebu tulih ana gang..

Kae ibune sing dodol Cenil karo Ciwel sing nganggo kebaya

Komentar»

1. Tweets that mention Ciwel Karo Cenil « Banyumasan Blog -- Topsy.com - April 23, 2010

[...] This post was mentioned on Twitter by IMAM-MASKED FORM. IMAM-MASKED FORM said: Ciwel Karo Cenil: http://wp.me/pNtJs-1m [...]

2. pay - April 23, 2010

aku kangen jiwel (ciwel)!!! neng daerahku (purbalingga) nyeluke jiwel, dijimot siji langsung nguwel!!! hahahahaha..

kang, janjane akeh apa ora blog banyumasan? gwe kumpulan blog banyumasan yuh….

wonggading - April 26, 2010

ayuh kang ngumpul lah blog banyumasan…. aku juga lagi belajar ngeblog ndilalah banyumasan juga.

3. maskur - April 24, 2010

Ngesuk kang, tek golet-e angger kober

4. alrozi - April 24, 2010

wah jan, pancen enak tenan panganan iku pakdhe… nang mBantul, jajan pasar tasih akeh, tapi yo kuwi; kudu ngubek2 pasar… soale wis jarang di jajakke nang pedagang keliling… nek kepingin cenil n ciwel yo kudu gelem sobo pasar :P nak biyen kan akeh banget, saben wong dodol mesti nggowo dipincuk… [halagh, bosone kacau, padahal wong njowo...] xixixixi

5. wonggading - April 26, 2010

hahahaha………jian rika kepikiran nulis panganan kiye ya, njaluk izin tek copy paste nang blog ku ya kang……

6. maskur - April 26, 2010

ya nganah kang di copy paste, ningen aja kelalen disogi alamtku kiye, ben sing maca ya padha maring ngeneh.
Eh rika melu komunitas blogger cilacap ya. aku be melu tapi blog sing siji.
Wah nggone rika wis akeh tulisane ya

7. jakober - April 28, 2010

jyan guwe panganan favoritku kang, mbiyen nek niniku meng pasar mesti aku wekas cenil

8. wonggading - Mei 1, 2010

kang… deneng ana sing nulis artikel pada plek karo tulisane njenengan ? apa njenengan juga sing nulis ya kang….

kiye tulisane nang kene :

http://mikobans.blogspot.com/2010/04/ciwel-karo-cenil-jajanan-banyumasan.html

Maskur - Mei 1, 2010

Jelase tah wong kuwe anu copy paste, jajal tek ngendhong maring nganah

9. Cenil utawa Cethil « Wonggading’s Blog - Mei 1, 2010

[...] maca artikel panganan tradisional nang blog e kang Maskur dadi kelingan jaman cilikane inyong pas nang Kroya koh, jian maraih kangen karo Kroya jaman semono. [...]

10. mofTeefeCAP - Mei 17, 2010

Just want to say what a great blog you got here!
I’ve been around for quite a lot of time, but finally decided to show my appreciation of your work!

Thumbs up, and keep it going!

Cheers
Christian, watch south park online

11. Galih - Mei 25, 2010

kang ngerti sejarahe ciwel ra? q lgi hunting2 kie tentang ciwel dkk. tlg dibales y, tengkiu

12. wahyudi - Agustus 22, 2011

aku seneng ciwel tapi siki ko langka sing dodol nek mangan ciwel mbiyen sering keloloden wong angel di eleg

13. ulfa - November 18, 2011

kancaku mbiyen diparabi nani ciwel, jebule siki aku ngerti.. dadi ciwel kuwe sing ireng ya kang?
nang pasar tangerang kene ana sing dodol, tapi wong indramayu.
kumpit banget.ana sing kaya ciwel tapi kuning, ciwele juga ana sih…ana grontol, gatot,ketan, terus mbuh apa maning aku kelalen jenenge….
lumayan , nggo tamba kangen, tapi pancen jan enak koh…

Maskur - November 19, 2011

Ciwel putih ya ana yu rika jane wong kota banget apa yah, nganti ora ngerti ciwel hehehe


Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

Bergabunglah dengan 1.177 pengikut lainnya.