jump to navigation

Wayang February 2, 2010

Posted by M.R in KABUDAYAN, KLANGENAN, WAYANG.
Tags: , , , , , , ,
trackback

Nyong klebu salah siji bocah sing paling seneng wayang. Nek nonton wayang bocah-bocah liyane pada nonton anu seneng rame-ne, seneng jajane, seneng kipyike, nek aku bener-bener nonton wayange. Nek critane ya suwe-suwe dadi mudheng, anu angger ana wayang di perek umah mesthi nonton ngasih esuk sih. Mau-maune anu melu bapake, bareng wani dewek ya mangkat dewek bali dewek.

Bawor vs Bagong

Aku sih ora perduli sapa dalange, lakone apa, pokoke nonton wayang. Anu nang ndesa sih, madan angel ngarepna ana dalang sing terkenal bakal mlebu ndesa kaya nggonku. Paling-paling ya dalang lokal, nek dalang njaba ya kaya dalang Tarjono, dalang Dolat, Dalang Riswandi. Nek mangkat ya ora sangu duit, menawa sangua ya ora akeh, mung nggo cekelan thok, anu ora seneng jajan. Angger arep mangkat ya wis madhang, dadi wetenge wis wareg, sangune sing mesthi tek gawa ya kuwe batre (senter) cilik nggo oncor mlakune.

Nek ora ana tanggapan wayang ya aku rutin ngrungokna wayang nang radio. Lha nek nang radio dalange ora mung dalang banyumasan thok. Biasane sing paling sering disetel ya dalang Gino, Sugito Purbocarito, Anom Suroto, Manteb Sudarsono, Hadisugito, Timbu Hadi Prayitno. Dadi ngerti bedane antarane wayang gagrag wetanan karo gagarag banyumasan. Paling gampang penakawane, nek nang banyumas Bawo
r nek nang wetanan Bagong. Nek Bawor anak mbarep, Bagong anak ragil. Terus nek nang Banyumas kancane Togog jenenge Sarawita, wujude wong cilik gering, nek nang wetan jenenge Bilung, wujude kaya Togog tapi lewih cilik

Nang TVRI ya cokan ana acara wayang kulit, tapi biasane anu pirang jam thok, ora nganti sewengi muput. Lha nek nonton wayang gagrag wetan nang tivi, keton maning bedane. Nek wayang Banyumasan biasane nek jejer, utawa nek perang gamelane ditabuh seru karo cepet. Nek wayang wetanan pas jejer karo perang malah gamelane alon, apa maning sing arane perang kembang (Cakil ketemu Satria), gamelane malah alon banget. Gamelan nang wayang wetanan ditabuh seru karo cepet biasane nek pas perang sing pungkasan, utawane nemtokna sapa sing kalah sapa sing menang. Wayang gagrag wetanan biasane nek bar jejer ana Cangik karo anake Limbuk, nang Banyumas ora ana. Nang wayang wetan ana perang kembang, nek nang Banyumas ora ana.

Nek ngomong wayang senenganku, yakuwe Antareja, Antasena karo Wisanggeni. Nek ana lakon sing wayng telu kuwe metu apa maning dadi lakon mesi aku seneng banget. Sebabe aku seneng masalahe telu-telu kuwe anu sekti banget,  arang metu, madan kurang terkenal, istilahe jama siki ora glamour tapi sepisan metu langsung ngrampungi gawe. Nek kaya Pendhawa (utamane Werkudara karo Janoko), Kresna, Gathutkaca karo Abimanyu kan klebu wayang sing kabeh wong ngerti. Apa maning sing arane Werkudara karo Janoko kuwe kena diarani meh amben lakon metu. Nek Penakawan ya jelas Bawor, pokoke makili wong Banyumas pisan lah. Nek wayang sing klebu antagonis(banyumasane apa mbuh) sing tek senengi yakuwe Sitija utawa Bomanarakasura. Jan-jane wong apik tapi gara-gara kelebon arwahe Prabu Bomantara karo Prabu Narakasura terus dad
i jahat. Apa maning nek ngerti matine anu dipateni nang ramane dewek, gara-garane mateni Samba. Padahl sing salah genah Samba sing selingkuh karo bojone Sitija. Kayane ora adil temen.

Kesenenganku maring wayang ya nganti seneng tuku wayang. Dhong esih cilik ya njaluk kon ditukokena wayang di didol nang bakul. Umbul gambar wayang ya seneng. Terus ngguntingi gambar wayang nang majalah Panjebar Semangat dienggo kliping (clipping). Bareng gedhe sethithik njur njajal gambar wayang dewek. Disit-disite sih nggambar wayang nganggo dam. Yakuwe gamar wayang sekang majalah di gawe kothak-ko
thak, terus nang kertas karton digawe nganggo kothak-kothak sing lewih gedhe. Bar kuwe terus sering ngeblak wayang kulit asli maring nggone dalang Satu, anu esih tangga desa, kebeneran esih mertuane lilikku. Bar kuwe terus nang bapak, dijujugna maring tukang gawe wayang. Ya sethithik-thithik bjajar sing jenenge natah karo nyungging. Ya etung-etung tau ulih duit gara-gara ana sing pesen wayang punakawan sing digawe sekang karton

Kawit SMP kegiatan blajar gawe wayangwis mandheg, anu sekolahe adoh, jane sih mung 7 kilometer, ning jaman gemiyen alat transportasi ora kaya siki. Tapi nek coret-coret gambar wayange sih esih terus. Bareng SMU senenge malah gambar wayang cilik-cilik. Dadi wayang-wayang sing urung ana nang koleksi kliping bisa dilengkapi. Biasane sih anu wayang-wayang sing metu nang tivi sing udu klebu wayang terkenal. Biasane wayange digambar nang kertas HVS nganggo boksi (boxy) sing matane cilik. Gara-gara kesenengan kiye tau ngalami kecelakaan nganggo motor nang Sokawera. Anu arep tuku boksi maring Banyumas liwat dalan anyar nembe diaspal. Sebab kecelakann mau aku nganti diopname 5 dina nang RSU Banyumas.

Comments»

1. Irawan - February 4, 2010

Lha sing tulisan kaya kiye sing digoleti lan disenengi warga Banyumasan. Terus berkarya pak… manggaaaa…

Like

Maskur - February 5, 2010

Oke terus lah
nitip promosine ya

Like

2. Sejak Kapan Tertarik Mengenai Motor? « Learning To Life - May 11, 2010

[…] majalah, kalender, selebaran bahkan bungkus snack  hehehe . Biasanya saya suka menggunting gambar wayang dan gambar kendaraan (mobil, bus,  truk dll). Setelah tertarik dengan motor , saya menambahkan […]

Like

3. Sigondrong dari Gua Hiro - May 23, 2011

nyong be seneng wayang, tp mbuh kepriwe loh, senenge mung maring wayang banyumasan thok. ora seneng wayang liyane. nyong gole seneng wayang banyumasan, mergane suarane khas banget. mbuh sapa dalange, nek sing jenege bawor ya mesti suarane kaya kue, ya paling ora berusaha men kaya kue.

Like

sudaryo - May 25, 2011

yong takon karo rika kabeh pada kenal dalang JITUT Mbangsa apa ora…Terkenal koh nang mbanyumas. Dalang gagrag Banyumasan klasik asli…turunane dalang alm Yono…

Like

Maskur - May 25, 2011

pancen apik yah hehehe

Like

4. daryo - May 31, 2011

pak maskur rika wong ngendi jane…?

Like

Maskur - May 31, 2011

Wong banyumas

Like

5. Akhirnya Bisa Nonton Wayang Kulit Lagi, Kukuh Bayu Aji – Sesaji Raja Suya « Learning To Live - October 23, 2011

[…] Wayang kulit, saya suka menontonnya. Sejak kecil jaman dimana di desa masih banyak yang menanggapnya, saya sering diajak almarhum Bapak menontonnya. Namun sudah lamaaa sekali, kurang lebih 15 tahun yang lalu saya menontonnya secara langsung. Akhirnya saya bisa menontonnya kembali. Kali ini yang saya tonton adalah pentas oleh dalang Kukuh Bayu Aji, dalang asal Banyumas yang sedang terkenal di wilayah Banyumas dan sekitarnya. Lakon yang dipentaskan adalah Sesaji Raja Suya. […]

Like

6. supriyanto - June 22, 2012

nyong ya pada bae karo rika kbh sedulur kususe sedulur sg sebanyumas lan sekitare aku nek ning desa ya gunane ngoleti tanggapan wayang pa maning dalange dlg kukuh wis tambah semangat maning wis semene sit lur ngesuk” disambung maning

Like

7. Antara Wayang Vs Kamen Rider « Learning To Live - August 25, 2012

[…] saya sama-sama suka nonton. Wayang dari kecil saya sudah sering nonton, kisahnya di —->sini. Lha kalo kamen rider? Ya sejak ada Kotaro Minami tayang di televisi lokal itu. Tahun 93-an, […]

Like

8. Akhirnya Bisa Nonton Wayang Kulit Lagi, Kukuh Bayu Aji – Sesaji Raja Suya | Maskur's blog - December 9, 2013

[…] Wayang kulit, saya suka menontonnya. Sejak kecil jaman dimana di desa masih banyak yang menanggapnya, saya sering diajak almarhum Bapak menontonnya. Namun sudah lamaaa sekali, kurang lebih 15 tahun yang lalu saya menontonnya secara langsung. Akhirnya saya bisa menontonnya kembali. Kali ini yang saya tonton adalah pentas oleh dalang Kukuh Bayu Aji, dalang asal Banyumas yang sedang terkenal di wilayah Banyumas dan sekitarnya. Lakon yang dipentaskan adalah Sesaji Raja Suya. […]

Like

9. Antara Wayang Vs Kamen Rider | Maskur's blog - December 10, 2013

[…] saya sama-sama suka nonton. Wayang dari kecil saya sudah sering nonton, kisahnya di —->sini. Lha kalo kamen rider? Ya sejak ada Kotaro Minami tayang di televisi lokal itu. Tahun 93-an, […]

Like

10. paku tembak - December 13, 2013

I wanted to thank you for this fantastic read!! I certainly enjoyed every little bit
of it. I’ve got you bookmarked to look at new
stuff you post…

Like

11. Keyta Mihero - January 14, 2014

Buta kobonge ra di video deneng mam, apik ketone kowh…

Masa Aktif, Eksploitasi?

Like

Maskur - January 14, 2014

wah jan pas nang mburi kelir je

Like


Mangga Komentare

the Tanya Pangan

Serving homemade informations

macantua.com

all about ride, drive and life........

Ki Anom Sudarmaji

Dalang Wayang Kulit Jawa Timuran

JIPMANIA

4x4 Blog

Notes from an Indonesian Policy Wonk

Notes and Analysis on Indonesian Current Affairs and Policies

Pramukamaos's Weblog

Just another WordPress.com weblog

Doel Prepal's Blog

Never stop exploration

Kawiçastra

koleksi buku mahabharata, ramayana dan pewayangan

icalproject's

cepat jalur kanan, santai jalur kiri

Timbangan Salter Dunia Timbangan

DUNIA TIMBANGAN,081280780615,081291999252,men Jual Timbangan Salter,Harga Timbangan Salter 5 Kg,10 Kg,25 Kg,50 Kg,100 Kg,Timbangan Salter,Timbangan Gantung Salter,Timbangan Salter 5 Kg,10 Kg,25 Kg,50 Kg,100 Kg,Harga Timbangan Duduk,Harga Timbangan Nagata,Harga Timbangan Analitik,Harga Timbangan Digital,Harga Timbangan Manual,Harga Timbangan Duduk Digital,Harga Timbangan Mekanik,Harga Timbangan Buah Digital,Harga Timbangan Duduk Digital,Harga Timbangan Gantung Digital,Harga Timbangan Gantung,Harga Timbangan Sapi,Harga Timbangan Laundry,Harga Timbangan,Timbangan Duduk,Timbangan Digital,Timbangan Mekanik, Timbangan Duduk Digital,Timbangan Laundry,Timbangan Sapi,Timbangan Nagata,Timbangan Cahaya Adil,Timbangan Allegra,Timbangan Quattro,Timbangan Adam,Timbangan Analitik,Timbangan Chq,Timbangan Matrix,Timbangan Salter,Timbangan Pocket,Timbangan Manual,Timbangan Gantung Manual,Timbangan Gantung Manual

FATHAN MOTOR

Spesialis kaca film mobil dan gedung

Jasa Cetak Buku Yasin Murah

Menerima : Percetakan Buku Yasin Bludru, Yasin Hard Cover, Yasin Majmu Syarif, Yasin Soft Cover, Yasin Spiral, Yasin Hard Cover Spiral, Yasin Hard Cover Batik, Dengan model - model yang terlengkap.

Cahaya Islam

Berbagi Ilmu

Hompimpa Creative Adv

TVC | Videotron | Billboard | Digital Print | Papan Nama | Neon Box | Branding Pin | Mug | Corporate ID | Kartu Nama | Periklanan | Web Design | Logo

Pusat Refill Toner

Refill Toner Di Tempat

Impossible

Selamat Datang , dan Terimakasih Telah Berkunjung

teknologi390

memberi informasi terhangat

bengkel panggilan jogja

kami siap membantu anda dalam mengatasi problem pada mobil anda.. contact kami.

SPREADING THE PEARLS

DEDICATION FOR ALL

iimvixby.com

Passion seorang Perawat yang hobi otomotif

Rofotaku

Otaku Area

NANDA PRINTING RAWAMANGUN - JAKARTA

Percetakan, Foto Copy, Penjilidan, Pengetikan, Design Grafhis, Print, Copy DVD / CD, Burning / Transfer DVD/CD dan Komputer

JaTiara

Menulis itu soal rasa bukan hanya tentang tata bahasa

Dildaar80's Weblog

Blog berita selektif dan artikel menarik

Panginyongan

Brigade Ngapak Banyumasan

Nunoo's Journal

An ignorant rider

Berbagi Ilmu dan Pengalaman

Motivation Your Mind

jonegoro13

A great WordPress.com site

karismauyy.com

in my mind

Sedot WC Jakarta

Sedot Wc, Wc Mampet, 24 Jam Sejakarta, Hub Anan, Tlp : 085214695657 - 087804031717 - 08561537163

nakulasahadewa

Hangudi Becik Sejatine Becik

BMSPEED7.COM

Blog Otomotif Motor, Berita, Tips & Modifikasi

KOMUNITAS PUTERA KRAKATAU

Gerakan Ekowisata dan Pemberdayaan Masyarakat LAMPUNG SELATAN

BANDITZ GUARD

custom crash bar engine guard

khsblog :-D

Tulis, Telas dan Tulus...

Everything is Knowledge

dari dan untuk Kalimantan Timur

TRESNA BUDAYA

Tiyang Jawa kedah Tresna Budaya :)

Kuda Besi Putih's Blog

You Have The Power To Create Your Imagination...